Jumat, 24 Februari 2012

RAMALAN JAYA BAYA

# Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
# Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
# Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
# Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
# Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
# Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
# Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
# Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
# Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
# Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
# Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
# Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
# keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
# Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
# Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
# Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
# Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
# Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
# Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
# Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
# Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
# Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
# Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
# Nantang bapa--- Menantang ayah.
# Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
# Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
# Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
# Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
# Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
# Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
# Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
# Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
# Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
# Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
# Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
# Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
# Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
# Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
# Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
# Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
# Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
# Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
# Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
# Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
# Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
# Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
# Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
# Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
# Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
# Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
# Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
# Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
# Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
# Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
# Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
# Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
# Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
# Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
# Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
# Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
# Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
# Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
# Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
# Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
# Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
# Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
# Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
# Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
# Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
# Akeh laknat--- Banyak kutukan
# Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
# Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
# Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
# Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
# Guru disatru---Guru dimusuhi.
# Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
# Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
# Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
# Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
# Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
# Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
# Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
# Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
# Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
# Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
# Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
# Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
# Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
# Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
# Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
# Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
# Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
# Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
# Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
# Akeh barang haram---Banyak barang haram.
# Akeh anak haram---Banyak anak haram.
# Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
# Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
# Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
# Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
# Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
# Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
# Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
# Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
# Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
# Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
# Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
# Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
# Sing wedi mati---Yang takut mati.
# Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
# Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
# Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
# Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
# Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
# Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
# Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
# Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
# Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
# Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
# Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
# Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
# Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
# Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
# Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
# Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
# Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
# Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
# Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
# Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
# Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
# Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
# Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
# Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
# Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
# Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
# Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
# Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
# Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
# Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
# Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
# Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
# Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
# Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
# Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
# Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
# Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
# Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
# Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
# Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
# Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
# Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
# Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
# Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
# Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
# Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
# Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
# Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
# Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
# Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
# Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
# Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
# Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
# Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
# Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
# Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
# Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
# Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
# Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
# Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
# Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
# Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
# Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
# Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
# Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
# Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
# Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
# Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
# Agama ditantang---Agama ditantang.
# Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
# Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
# Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
# Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
# Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
# Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
# Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
# Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
# Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
# Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
# Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
# Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
# Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
# Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
# Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
# Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
# Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
# Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
# Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
# Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
# Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
# Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
# Buruh mangluh---Buruh menangis.
# Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
# Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
# Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
# Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
# Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
# Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
# Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
# Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
# Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
# Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
# Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
# Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
# Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
# Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
# Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman