Sabtu, 09 Juni 2012

Syi’ir Jawa Sholawat Khas Habib Syekh Assegaf

Sholli wasallim daa iman alah mada Sholli wasallim daa iman alah mada Wal ali wal ashaa biman qod wah hada Wal ali wal ashaa biman qod wah hada ================================== Eman lo wong Islam, ninggal Sholat wengi Sak ben dalu turu, ora gelem tangi Sholat wengi ngono, disenengi Gusti Sopo gelem nyuwun, pasti di paringi Sholat limang waktu, ayo podo njogo Jama’ah nang masjid, bareng sak kluwargo Ganjarane slawe, celengan suwargo Malah biso dadi, pitu likur ugo Yen Sholat kesusu, ora biso pernah Rukuk lan sujude, ditoto sing genah Sing khusyu’ lan khudhur, ugo tumakninah Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunah Yen rumongso sugih, itungen donyone Bagiane Zakat, ojo dilalekne Dulur karo tonggo, sing podo miskine kabeh podo nunggu, zakat bagiane Yen karo tonggone, Sing apik atine Yen kahanan longgar, mikiro butuhe Sajak perlu utang, enggal di peringne Nanging ojo nganti, njaluk anak ane Ayo do ngurangi, nonton televisi Timbang nonton TV, luweh becik ngaji “Ahbaabul Musthofa” wadah kanggo ngaji Kumpul poro Habaib lan poro Kyai Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom Biso biso malah, nglakoni sing harom Ilmu gak manfa’at, rusak malah klakon Lanang karo wadon, manggon sepi sepi Nyanding senggal senggol koyok kebo sapi Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi Ojo di terusno, yen durung di rab